SOAL BAHASA
JAWA KELAS X
I. Pilihen salah siji wangsulan kang
kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener!
Etimologi
lan legendha asal
Aksara
Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine
"hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana
rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya
mengkene:
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi
ukara-ukara: "Hana
caraka" tegese "Ana utusan"
"Data sawala" tegese
"Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegese
"Padha digjayane"
"Maga bathanga" tegese
"Padha dadi bathang".
Urutan ukara
iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka saka
Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene
kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kalorone mati
amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka
supaya bisa kanggo nulis layang.
Caritane kaya mengkene:
Kacarita ing
jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke
putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang
kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah
Jawa.
Banjur anuju
sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat
sing jenenge Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi
padha leren. Aji Saka banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.
Dene Aji
Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan
Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi
keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa.
Aji Saka
banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara
Mendhang Kamolan.
Sing
jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane
dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang
negara liya. Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji
Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi
siswane. Para siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng
tetulung. Nalika semana
Aji Saka mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai randha. Kyai patih
karo nyai randha iya wis dadi siswane Aji Saka.
Anuju
sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa
didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane. Sang nyai randha lan patih dadi
kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen
dheweke ora bakal mati.
Banjur Aji
Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan kersa
ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwune,
yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu dhewe. Sang prabu Dewata Cengkar iya banjur
nglilani.
Nuli wiwit
ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Aji Saka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi
amba serta dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti notog ing segara
kidul. Bareng wis meped ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar
katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining
segara kidul.
Wong-wong
ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Kacarita
sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para
bupati. Sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing
Pulo Majethi.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si
Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro
iku wis padha krungu pawarta manawa gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhang
Kamolan. Si Dora
ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora
pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yen ora tinimbalan.
Nanging si
Dora nekad arep sowan dhewe. Si Sambada ditilapake. Banjur mangkat ijen wae.
Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro
mau banjur diajak bali dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem.
Wong telu
banjur sowan ing ngarsane sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan
diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang prabu duka
banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo
Majethi lan nimbali si Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan
kerise dibalekake.
Dora
sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan
gustine. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa.
Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame.
Suwe-suwe padha kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane.
Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange
sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang Prabu
ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan mangka
didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga.
Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng
Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si
Sambada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu
kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge.
Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine. Duduga lan Prayoga banjur bali sowan
ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang Prabu Widayaka kaget banget
mireng pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis kesupen pandhawuhe. Banjur
sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku.
1. Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang
aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara
Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Kang duwe teges padha digdayane
yaiku …
a.
ha na ca ra ka
d. ma ga ba tha nga
b.
da ta sa wa la
e. nga tha ba ga ma
c.
pa dha ja ya nya
2. Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah
Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke putrane ratu, nanging kepengin dadi
pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur
pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.Banjur anuju sawijining
dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge
kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a.
Duga
d. Sambada
b.
Prayoga
e. Digdaya
c.
Dora
3. Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah
Jawa dhisik. Dora lan
Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi
keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa. Aji
Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing Negara …..
a. Tanah Majethi
b. Mendhang Kamolan
c. Pulo Jawa
d. Tengger
e. Ngastina
4. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka panyuwune
wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ajejuluk … .
a. Prabu Jaka
d. Prabu Tengger
b. Prabu Dewata Cengkar
e. Prabu Aji Saka
c. Prabu Kresna
5. Abdine
Aji Saka kang didhawuhi bali menyang pulo Majethi yaiku … .
a.
Duga
d. Sambada
b. Prayoga
e. Digdaya
c.
Dora
6. Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan
utawa paugeran ajeg yaiku …
a. Parikan
d. geguritan
b. Wangsalan
e. candra sangkala
c. Cangkriman
7. Unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman,
nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake yaiku …
a. Parikan
d. geguritan
b. Wangsalan
e. candra sangkala
c. Cangkriman
8. Jenang gula, kowe aja …
a.
Lali
b.
kadingaren
c.
judheg
d.
cengklungen
e.
kemba
9. Gayung sumur, aja … aja mundur.
a.
Lali
b.
kadingaren
c.
judheg
d.
cengklungen
e.
kemba
10. Jangan gori, nganti ….. anggonku ngrasakake.
a.
Lali
b.
kadingaren
c.
judheg
d.
cengklungen
e.
kemba
SUMIMPEN ING
POJOK ATI
Dening : Tatiek Kalingga
Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu
dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak
nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar
suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang
sumimpen
Ing pojok
ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi
pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga
dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti
11. Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku
…
a.
Ati kang bungah
d. Ati kang kelara-lara
b.
Rasa kang
mantep
e. Ati kang kelegan
c. Ati kang
serakah
12. Wos surasane
paragraf kapisan yaiku …
a.
Gegambaran ati kang kelara-lara
d. Ngerteni kahanan kang endah
b.
Tumindak kang nalisir
e. Donga marang Gusti
c. Ora bisa
kecukupan
13. Wos surasane paragraf kapindho yaiku …
a.
Gegambaran ati kang kelara-lara
d. Ngerteni kahanan kang endah
b.
Tumindak kang nalisir
e. Donga marang Gusti
c. Ora bisa
kecukupan
14. Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing
tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki yaiku …
a. esuk
d. surup
b. awan
e. bengi
a. sore
15. Saora-orane ana patang kegiyatan kang kudu
ditindakake sadurunge pawongan iku arep maca geguritan. Kegiyatan kang kudu
ditindakake yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba …
a. analisis situasi
d. gegladhen
b.
milih geguritan
e. manut kang nglatih
a. ngonceki (ndhudhah) geguritan
16. Aku
sakluwarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat
sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang
ngreti papan iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong
liya yaiku…
a. Krama
d. Ngoko lugu
b. Krama
alus
e. Ngoko alus
c. Krama andhap
17. Mas,
sampeyan benjing diutus bapak dhateng Solo. Basa kang digunakake yaiku…
a. Krama
d. Ngoko lugu
b. Krama
Alus
e. Ngoko Alus
c. Krama Andhap
18. Wektu nggone
Pakdhe kagungan kersa, sampeyan apa ora ngerti? Basa kang digunakake yaiku…
a. Krama
d. Ngoko lugu
b. Krama
alus
e. Ngoko alus
c. Krama andhap
19. Le, aku
sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol. Basa kang
digunakake yaiku…
a. Krama
d. Ngoko lugu
b. Krama Alus
e. Ngoko Alus
c. Krama Andhap
20. Aku duwe
niyat, yen ing kelas sepuluh iki kudu bisa antuk prestasi kang nyenengake bapak
lan ibu. Pratelan iku nggunakake basa …
a. Krama
d. Ngoko lugu
b. Krama Alus
e. Ngoko Alus
c. Krama Andhap
21. Dina iki
penjenengan arep tindak ngendi, Mas? Yen ora ana acara aku arep nyuwun tulung.
Basa kang digunakake yaiku …
a. Krama
d. Ngoko lugu
b. Krama Alus
e. Ngoko Alus
c. Krama Andhap
22. Mangsa
rendheng wus tumiba, mula saka iku awake dhewe kudu bisa njaga kewarasane
dhewe-dhewe. Basa kang digunakake yaiku …
a. Krama
d. Ngoko lugu
b. Krama Alus
e. Ngoko Alus
c. Krama Andhap
23. Suwe banget
aku ora ketemu karo kancaku sing jenenge Baruna. Dheweke iku biyen kancaku
saklas. Sawise padha lulus nganti tekan wis padha duwe anake, sepisan wae aku
durung ketemu. Basa kang trep digunakake lamun aku ketemu karo Baruna yaiku …
a. Krama
d. Ngoko lugu
b. Krama Alus
e. Ngoko Alus
c. Krama Andhap
24. “Ibuk,
tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula
ugi badhe …. Buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi
ceceg-ceceg kasebut yaiku ....
a. mundhut, mundhut
d. mundhut, tuku
b. tumbas, tumbas
e. tumbas, mundhut
c. mundhut,
tumbas
25. “Mas, kula
dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau
sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut
yaiku ….
a. dhahar, dhahar
d. maem, dhahar
b. nedhi, nedhi
e. dhahar, maem
c. nedhi,
dhahar
26. Pawarta lumrahe digiyarake lumantar kaya ing
ngingsor iki kejaba ....
a. Ariwarti
b. Radhiyo
c. TV
d. Kalawarti
e. Kliping
27. informasi
kang becik iku sipate
a. persuasif
b. naratif
c. Deskriptef
d. Aktual
e. Deduktif
28. Sadhengah kedadeyan utawa prastawa iku bisa
diarani pawarta menawa wis ...
a. Diproduksi
b. Dilapurake
c. Diolah
d. diteliti
e. diedit
29. Basa jawa iku pancen basa kang adhi luhung.
Tembang
adhi luhung iku salah sijine contoh tembung ...
a.
Kosok balen
b.
Tembung Entar
c.
Paribasan
d.
Saloka
e.
Tembung Saroja
30.
Ingingsor iki kang kelebu contone tembung saroja yaiku ....
a. Adus
kringet
b. Utang
wirang
c. Ijo royo
royo
d. Adang
sega
e. menek
klapa
31. Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane
menehi pangreten tumrap sawijining prastawa diarani ….
a. Layang
d. selebaran
b. wara-wara
e. sedhahan
c. majalah
32. Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….
a. Brosur
d. iklan
b. Majalah
e. sayembara
c. Lelayu
33. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang
utawa papan diarani ….
a. Brosur
d. iklan
b. Majalah
e. sayembara
c. Lelayu
34. Wara-wara kang surasane andon kewasisan, cangkriman
utawa pitakonan diarani …
a. Brosur
d. iklan
b. Majalah
e. sayembara
c. Lelayu
35.
Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a.
titi
mangsa
d. purwaka basa
b.
peprenahan
e. satata basa
c.
surasa basa
Diajari korupsi
Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing omahe Klithuk,
kanca lawas jaman isih sekolah SMA mbiyen. Pawakane Klithuk isih ajeg kuru kaya
ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-ginuk, tandane wus nemoni
sukses ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya sing
mbok sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing
tenanan, ben isoh entuk dhuwit akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus tenanan.
Nanging tetep wae, uripku ajeg ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya sambate
ngayawara saben dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi
ora mungkin bisa nyukupi butuhe omah.
Klithuk : Piye karepmu? Aku durung mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae.
Gaweanku iki gawean cilik-cilikan ing kantor. Nanging piye carane supaya aku
bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi, uripku sakulawarga
sarwa kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya
uripku ya mundhak apik tinimbang saiki. Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku
ya ora sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala
korupsi, sithik sithik wae. Sing cilikan wae supaya ora konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho.
Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing
penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi ya bisa. Elingana
anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya mathuk
karo usulmu kuwi. Nanging kayane aku iki ora bakal bisa korupsi ing gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu wong,
jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng
nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!!!
36. Paraga kang saiki wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari
korupsi yaiku …
a.
Klithuk
d. Bawana
b.
Eri
e. Hayu
c.
Glendhoh
37. Wos surasane crita Diajari korupsi iku yaiku …
a.
Klithuk
uripe rekasa
d. Klithuk uripe kepenak
b.
Glendhoh
ngajari korupsi
e. Klithuk ngajari korupsi
c.
Glendhoh
uripe rekasa
38. Apa sesambungan antarane Klithuk lan Glendhoh ing
critab Diajari korupsi iku? …
a.
sedulur
d. kanca lawas SMA
b.
wong tuwane
isih sedulur
e. tangga desa
c.
kanca kantor
39. Crita kang surasane fakta kang surasane riwayat hidupe
uwong kang ditulis dhewe sinebut …
a. Otobiografi
d. Crita Sambung
b. Cerkak
e. Crita Gambar
c. Novel
40. Crita bisa
awujud fakta uga bisa awujud fiksi utawa mung gawe-gawe. Crita kang surasane
wujude crita kang critane sinambung sinebut …
a. Otobiografi
d. Crita Sambung
b. Cerkak
e. Crita Gambar
c. Novel
II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati !
1.
Apa kang
kokngreteni babagan wara-wara iku?
2.
Apa kang
kokngreteni babagan wacana deskripsi iku?
3.
Critakna
maneh nganggo basamu dhewe!
Ndhudhah mitos Ratu Kidul
Solo (Espos) Mitos babagan Ratu Kidul, Nyai Rara Kidul, Kangjeng
Ratu Kidul lan sesebutan liyane tumrap Panguwasa Samodra Kidul, nganti saiki
panggah tansah nuwuhake pradondi. Tansah mecungul pitakonan apa Ratu Kidul kuwi
nyata anane, apa bener dheweke panguwasa Samodra Kidul lan duwe krajan ing
samodra kuwi?
Kanggo ndhudhah babagan kuwi, dina Kemis (17/12),
diadani seminar Membongkar Mitos Ratu Kidul, mapan ing Balai Soedjatmoko Solo.
Para pamicara ing seminar kuwi Kyai Khaelani (Karaton Surakarta), I Soetardjo
(nimpuna psikologi basa), MT Arifin (panaliti Ratu Kidul) lan Prof Soehardi
(antropolog saka Universitas Gadjah Mada Yogyakarta).
4.
Setitekna
geguritan ing ngisor iki, banjur jlentrehna pesen lan amanate!
Gaman Ilang
Landhepe
Dening
: Manaf Maulana
Bangsa iki kaya gaman ilang landhepe
Cilakane ora ana sing bisa ngungkalke
Amerga akeh sing padha kethule
Saben obah bisane mung ngrusak nagarane
Bangsa iki kaya gaman ilang landhepe
Cilakane ora ana sing bisa ngungkalke
Amerga akeh sing padha kethule
Saben obah bisane mung ngrusak nagarane
Gaman ilang
landhepe ora banjur ala
Malah bisa dadi pusaka kang jumawa
Kaya keris-kerise wong Jawa
Kethul ning bisa dadi turangga
Malah bisa dadi pusaka kang jumawa
Kaya keris-kerise wong Jawa
Kethul ning bisa dadi turangga
5.
Tulisen
nganggo aksara Jawa!
a.
Gaman ilang
landhepe bakal dadi rongsokan.
b. Yen kabeh manungsa wis padha ngugemi
atine.
c.
Ora maneh kepengin
menang-menangan.
jwab:
Babagan kang wigati ana ing wara-wara
a. Sapa sing
nggawe wara-wara kudu cetha.
b. Kanggo sapa
wara-wara kuwi katujokake kudu cetha
c. Isine wara-wara
kudu cetha, jangkep lan bisa menehi katrangan kang
2. Deskripsi yaiku sawijining wujud
tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi
pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan
sapanunggalane.
3. Kawicaksanan guru
4. Kawicaksanan guru
5. a. ?gmnHil=lnDe[pPbklFfi[r=o[sokKn\,
b. ?[ynK[bhmnu=swisPdzugemMiati[n.
c. ?[aorm[nhkepizinMen=men=zn\